Jawaban dan Penjelasan Aksara Jawa
Alih Aksara Jawa kanthi Aksara Latin: Aji Saka
Aji Saka nglajengaken anggénipun mumuruk. Tiyang nagari ing Medhangkamulan sadaya sami angguguru, sarta suyud dhateng Sang Bramana Sabrang, anggepipun kados sami angabdi. Aji Saka saking laminé anggénipun wonten ing Medhangkamulan sami suwur kasagedanipun. Ngantos kaparengan dhateng Patih ing Medhangkamulan saing kang nama Kyai Patih Tengger. Kyai Patih lajeng lumampah dhateng ing karandhan, amang..
Pendahuluan: Mayuh Nyinauni Aksara Jawa!
Aksara Jawa iku Kabeh cacahe ana 20 (rong puluh), sing diarani Dentawyanjana. Tembung "Dentawyanjana" asale sekang tembung "Denta" tegese untuk lan "wyanjana" tegese aksara. Aksara Jawa sing ora/durung nganggo sandhangan diarani Aksara Legena. Aksara Jawa sing esih wutuh monine kuwe a kabeh.
Aksara Jawa:
ꦲꦤꦕꦫꦏ ha, na, ca, ra, ka
ꦢꦠꦱꦮꦭ da, ta, sa, wa, la
ꦥꦝꦗꦪꦚ pa, dha, ja, ya ,nya
ꦩꦒꦧꦛꦔ ma, da, ba , tha, nga
Supaya munine Aksara Jawa maneka warna, ing Aksara Jawa uga ana Sandhangan. Sandhangan kasebut sing ngowahani munine swara o, i, u, é, ê, lsp. Sandhangan ing Aksara Jawa iku jinise werna-werna, kayata:
- Sandhangan Swara
- Sandhangan Panyigeg
- Sandhangan Wyanjana
- Sandhangan P@njingan
Pembahasan:
Tembung-tembung ing Aksara Jawa kasebut ana sing migunakaké Aksara Murda. Apa kuwé Aksara Murda?
Mayuh Nyinauni Aksara Murda!
Aksara Murda:
Yaiku salah satunggal jinis Aksara Jawa, kang jumbuh menawi nulis jeneng wong, gelar, jeneng papan panggonan, lembaga pamarentah, lsp
Aksara Murda iku cacahé ana wolu aksara, yaiku:
- Na ꦟ , Ka ꦑ , Ta ꦡ , Sa ꦯ
- Pa ꦦ , Nya ꦘ , Ga ꦓ , Ba ꦨ
Paugeran Nulis Aksara Murda:
- Aksara Murda digunakaké manawi kanggo nulis jeneng wong, gelar, papan panggonan, lembaga pamaréntah, lsp
- Aksara Murda ora kena dadi sigeg ing wanda (sebagai penutup suku kata)
- Cacahing Aksara Murda iki namung wolu, ora kabeh aksara carakan/nglegena ana aksara murda. Mula panggonané Aksara Murda beda kaliyan kagunan hurup kapital ing ejaan latin.
Detail Jawaban:
Mapel: Bahasa Daerah
Kelas: 8
Materi: Bab Aksara Jawa
Kata Kunci: Nyemak Wacan Aksara Jawa
Kode Soal: 13
Kode Kategorisasi: 8.13
#BelajarBersamaBrainly
#SolusiBrainly


